Khutbah Jumat : Perintah Mendidik Anak dengan Baik (Bahasa Jawa)

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اْلحَمْدُ للهِ
الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ،
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ذُو اْلجَلالِ
وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ
رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى
الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ:
فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ
الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا
سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ
يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Hadirin Jama’ah Jum’at
rahimakumullah

Monggo sesarengan kito sami
ningkataken taqwo dumateng Gusti Allah SWT. wonten wekdal lan panggenan pundi
kimawon kelawan ngamalaken perkawis ingkang dipun perintahaken lan nebihi
sedoyo ingkang dipun larang syariatipun Allah, nggih puniko syariat agami Islam.
Gusti Allah SWT. dawuh:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman,
takwoho siro kabeh marang Allah kanti takwo kang sejati, lan ojo podo pejah
siro kabeh kejobo podo muslim siro kabih
. (Q.S. Ali Imran:102)

Taqwo sejati marang pengeran meniko
tegese ajrih kaliyan Gusti Allah, sehinggo ibadahipun diniati krono Allah kanti
ikhlas lan cecekelan agomo Islam ngantos pejah utawi ditimbali kaliyan Gusti
Allah. 

Saking Abu Dzar : Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate dawuh :

عَنْ أَبِيْ ذَرٍّ جُنْدُبِ بنِ جُنَادَةَ وَأَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ مُعَاذِ بِنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا عَنْ رَسُولِ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ

Artosipun, “Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu’adz bin Jabal radhiyallahu anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun ngendhika: Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik.” (HR At-Tirmidzi)

Jama’ah Jum’at Ingkang Minulyo

Kedah kito mangertosi bilih salah
setunggale tetenger tiyang ingkang cecekalan agomo Islam niku kedah ngajari
kesaenan soho ndidik anak, amergi dados perkawis ingkang wigati ingdalem
mbentengi lan ngerekso putro wayah saking sikso geni neroko. Gusti Allah dawuh:

يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ
وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا
أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman,
ngereksoho siro kabeh ing awak lan keluarga siro saking geni neroko,
mulat-mulate neroko iku soko menungso lan watu, lan dijagi kaliyan malaikat
kereng, kang ora maksiat marang perintahe Allah lan nindakaken nopo kiwamon
ingkang diperintah Allah.

Dawuh meniko paring pangertosan bilih
putro wayah meniko amanah, titipan saking Gusti Allah ingkang kedah kito jagi
lan dipun sangoni ilmu lan akhlak, supados naliko sampun ageng dados tiyang
muslim lan muslimat ingkang migunani, nggadahi akhlak ingkang sae soho saget ngayahi kamulyan ing ndalem ndunyo ugi akhiratipun. 

Hadirin Rahimakumullah

Sakmeniko kito gesang wonten zaman ingkang dipunwestani zaman akhir, salah setunggali nggih puniko sampun katah putro wayah ingkang
dipun tilar lan mboten dididik bab ilmu agomo, langkung-langkung bab akhlak, sopan santun, kranten tiyang sepahe sibuk makaryo, sahinggo raose mboten kober badhe maringi contoh akhlaq ingkang sae ing ndalem kesehariane.

Akhiripun morale mboten sesuai
kaliyan ingkang kito harapaken. Padahal kito sedoyo kedah mbimbing lan maringi
keilmuan ingkang saget nyelametaken saking bendune Gusti Allah. Kanjeng Nabi
dawuh:

ما مِن
مَوْلُودٍ إلَّا يُولَدُ علَى الفِطْرَةِ، فأبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أوْ
يُنَصِّرَانِهِ، أوْ يُمَجِّسَانِهِ

Artosipun: Ora ono bayi kang
dilahiraken kejobo arupi resik, suci. Tiyang sepahe ingkang mbentuk Yahudi
utawa Nasrani, utawa Majusi

Pramilo saking meniko, monggo
sareng-sareng ndidik putro wayah dados tiyang ingkang nggadah akhlak mulyo soho
ilmu ingkang migunani dateng keluargo, agomo, lan negoro. ugi maringi contoh k
ranten sedoyo tindak lampah kito bakal
ditiru digugu kaliyan putro wayah, menawi sae, mongko nulari kesaenan, menawi
olo, mongko bakal ditiru olo.

Ilmu ingkang kito ajaraken saget
dimulai saking pondasi ilmu tauhid, ilmu fikih kados sesuci, sholat, bebersih,
lan akhlak kados dene matur guneman sae, naliko serawungan kaliyan masyarakat.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh, 

 عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ 

Saking Abu Hurairah ngendiko : Dawuh Rasulullah SAW, Sopo wonge mlaku ing dalan kanggo nggolek ilmu, Allah bakal nggampangake kanggo wong mau dalan marang suargo. 

Dari Abu Hurairah dia berkata; Rasulullah shallallahu alaihi wasallam bersabda: “Barangsiapa berjalan di suatu jalan untuk mencari ilmu, niscaya Allah akan memudahkan baginya jalan ke surga.” (HR. Tirmidzi)

Menawi kito raos sibuk sanget, ngantos mboten kober ndindik secara langsung monggo putro wayah kitho sekolahaken wiwet pendidikan dasar ngantos tingkat perguruan tinggi, kagem nambahi ngilmu agomo nggih saget kitho pondokaken wonten pondok-pondok pesantren ingkang sae kualitasipun. Sahinggo putro wayah sak mangke anggadahi sangu ilmu agomo ingkang mumpuni ingdalem ngelampahi masadepanipun. Mondoaken putro wayah nggih gadahi kinten-kinten kaluwihan, salah setunggalipun putro wayah kito nggih saget tabarukan, angsal barokah doa-doanipun poro kyai pondok pesantrenipun. Keranten doanipun poro kyai biasanipun nggih cepet dipun ijabah dining Allah SWT.

Sakmantunipun kito ndidik putro wayah, lajeng kito dongaaken supados e ilmunipun saget manfaat. migunani dateng liyan sesuai bidang keilmuane. menawi keilmuane bidang agomo nggih saget dados panutane ummat ingkang sae tur mboten nyasarake. menawi keilmuane bidang pemerintahan, nggih mugi saget dados pejabat ingkang amanah, jujur lan adil. Sedoyo kemawon bidang keilmuwane putro wayah monggo kito dongaaken mugi saget manfaat ing dalem nduyo lan akhirate.

Kanjeng Nabi ngendiko ; 

مَنْ أَرَادَ الدُّنْيَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ, وَمَنْ أَرَادَ الأَخِرَةَ فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ, وَمَنْ أَرَادَهُمَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ 

Sopo wonge kang kepingin kebahagiaan ndonyo, mongko nganggo ilmu, lan sopo wonge kang kepingin kebahagiaan akhirat, monggo nganggo ilmu. Lan sopo wonge kan kepingin bahagia ndunyo lan akhirate, monggo nganggo ilmu.  (HR. Bukhari dan Muslim)

Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan taufiq, gampil lan gangsar
anggenipun ndidik, mboten bosen-bosen tansah ndongaaken putro wayah ugi saget nulari kesaenan ngantos putu, canggah
soho masyarakat ing sekeliling kito. Amiin.

ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ
ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ وَدَّ كَثِيرٌ مِّنْ أَهْلِ ٱلْكِتَٰبِ
لَوْ يَرُدُّونَكُم مِّنۢ بَعْدِ إِيمَٰنِكُمْ كُفَّارًا حَسَدًا مِّنْ عِندِ
أَنفُسِهِم مِّنۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ ٱلْحَقُّ ۖ فَٱعْفُواْ وَٱصْفَحُواْ
حَتَّىٰ يَأْتِىَ ٱللَّهُ بِأَمْرِهِۦٓ ۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَىْءٍۢ
قَدِيرٌ

 بَارَكَ الله
لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ
مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ
وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِيِمْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

 

KHUTBAH JUMAT KEDUA

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا 
كَمَا  أَمَرْ.  أَشْهَدُ 
أَنْ  لاَ  إِلَهَ 
إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ 
لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ 
جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرْ. 
وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا 
مُحَمَّداً  عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ 
الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين
.

 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا
أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ
بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى
إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان
وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي
التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا
مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ
أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ
وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ
مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ
إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ
.

اللهُمَّ
ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ
اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا
اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا
رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةًوَفِى اْلآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ !
إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ
وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْوَاشْكُرُوْهُ عَلىَ
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر

Khutbah Jumat : Perintah Mendidik Anak dengan Baik (Bahasa Jawa)

Related posts

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *